UCAPAN DIHARI RAYA /Atur Ing Dinten Riyadi

     Assalamu alaikum w,w, sampun dados budaya wonten ing Nagari kita menawi ngatrepi dinten bakda utawi Idul Fitri kita panjenengan sami ingkang sami ngrasuk Agami Islam ngawontenaken sowan marang sanak kadang/silaturahmi.
Pramila wonten wekdal punika kula nyobi ndamel seratan kangge aturan ing dinten Bakda.Mugi saget mbiyantu najan mung seratan sakmadya.


1),,Nadyan netra tan sasmita,lathi tan wicara,hamung aksara tinata minangka duta,bebeging manah nyuwun gunging pangaksama lan sugeng Riyadi,,

2),,Pareng matur pak/bu ngaturaken sugeng Riyadi lan menawi kathah klenta klentunipun nyuwun pangapunten,mboten supe berkah donga panjenengan ingkang tansah kawula suwun,,

3),,Sowan kula wonten ngarsanipun bapa/ibu sepindhah nyaos sembah pangabektos kula ingkang, kaping kalih,kawula ngrumaos kathah klenta-klentunipun nyuwun linebur ing dinten Riyadin menika,,

4),,Sowan kula dalah sakpangombyong sepindhah ngaturaken sugeng Riyadi dhumat bapa/ibu sakeluwargi ,ingkang angka kalih kawula lan rencang sedaya temtu kathah klenta klintunipun atur tuwin lelampahan, kawula nyuwun kathi renaning penggalih panjenengan mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhumateng kula dalah rencang sedaya,lan mboten katilar berkah donga panjenengan ingkang tansah kita suwun,,

5),,Wilujeng mengeti dinten Riyadin kagem para kadang ingkang sami ngrasuk agami islam kanthi ucapan minal aidin wal faizin,mugi kanthi dinten agung menika kula dalah panjenengan sami pikantuk kasucian saking sedaya kahilafan ing setunggal taun kapengker,amiin

6),,Sugeng Riyadi minal aidin wal faizin nyuwun sih gunging samudra pangaksami dzohiron wabatinan,mugi kita sedaya pikantuk berkah kasucian ing dinten punika,TAQOBAL ALLAHU MINNA WAMINGKUM TAQOBBAL YA KARIM,,

Post a Comment

0 Comments