SESEBUTANE MANUNGSA


URUT-URUTANE WONG



urutane mudhun seka bapak/ibu


1,,bapak
2,,anak
3,,putu
4,,buyut
5,,canggah
6,,wareng
7,,undheg-undheg
8,,gantung siwur
9,,grepak senthe


urutane munggah diwiwiti seka anak sapendhuwur

9,,grepek senthe
8,,gantung siwur
7,,undheg-undheg
6,,wareng
5,,canggah
4,,buyut
3,,embah
2,,bapak/ibu
1,,anak 


urutane sedulur


1,,pembarep
2,,panggulu
3,,pandhadha
4,,sumedhi
5,,wuragil


prenahane sedulur

1,,"sedulur"
      kang tunggal bapak lan ibu

2,,"sedulur misanan"
    sedulur tunggal embah nak dulur

3,,"sedulur mindhoan"
    sedulur tunggal buyut

4,,"keponakan"
    anake sedulur tuwa utawa enom

5,,"putu"
    anake anak

6,,"putu keponakan"
   anake keponakan

7,,"pak lik"
   adhine bapak utawa ibu (sing lanang)

8,,"bu lik"
   adhine bapak utawa ibu (sing wadon)

9,,"pak dhe" (uwa)
   kangmase bapak utawa ibu (sing lanang)

10,,"bu dhe" (uwa wadon)
   mbakyune bapak utawa ibu

11,,"maratuwa"
   wong tuwane bojo

12,,"anak mantu"
   bojone anak

13,,"putu mantu"
   bojone putu

14,,"besan"
   wong tuwane mantu

15,,"ipe"
   sedulure bojo

16,,"pripean"
   sedulure bojo

17,,"sedulur kuwalon"
   sedulur tunggal bapa seje ibu utawa tunggal ibu seje bapak

18,,"bapak kuwalon"
   dudu bapak kandhung

19,,"anak angkat"
   bocah liya sing diaku anak

20,,"tunggal banyu"
   sedulur tunggal guru

21,,"tunggal welat"
   sedulur tunggal bapak ibu


arane menungsa/wong

1,,"jaka"
   wong lanang kang durung krama/rabi

2,,"prawan"
   wong wadon kang durung krama/rabi

3,,"jaka jebug"
   jaka sing wis keladhuk/tuwa

4,,"prawan gendhor"
   prawan sing wis keladhuk/tuwa

5,,"prawan sunthi"
   prawan cilik/ kencur(kinyis-kinyis)

6,,"randha"
   wong wadon wis ora duwe bojo

7,,"randha tanggung"
   randha sing isih enom

8,,"wulanjar"
   randha sing isih enom durung nduwe anak

9,,"randha kisi"
   randha sing duwe anak lanang

10,,"randha kasihan"
   randha kere sing akeh anake

11,,"randha keringan"
   randha sing kebandhan/sugih

12,,"randha menter"
   randha kang panganggone sarwa apik

13,,"dhudha"
   
wong lanang sing wis pegatan

14,,"dhudha kembang"
   dhudha sing isih enom durung nduwe anak

15,,dhudha kawuk"
   dhudha sing wis tuwa

16,,"dhudha bangsong"
   dhudha mlarat sing anake okeh

17,,"dhudha kalung"
   dhudha sing duwe anak wadon

18,,"kaki nini"
   wong lanang lan wadon kang wis tuwa banget

19,,"nyai/nyi"
   wong wadon kang diajeni

ARANE BOCAH

1,,"ontang anting"
   anak siji lanang

2,,"uger-uger lawang"
   anak loro lanang kabeh

3,,"cukit dulit"
   anak telu lanang kabeh

4,,"saramba"
   anak papat lanang kabeh

5,,"pandhawa"
   anak lima lanang kabeh

6,,"unting-unting"
   anak wadon siji

7,,"kembang sepasang"
   anak loro wadon kabeh

8,,"gotong mayit"
   anak telu wadon kabeh

9,,"sarimpi"
   anak papat wadon kabeh

10,,"pancagati"
   anak lima wadon kabeh

11,,"kendhana-kendhini"
   anak loro lanang wadon

12,,"sendhang ka'apit pancuran"
   anak telu lanang wadon lanang

13,,"pancuran ka'apit sendhang"
   anak telu wadon lanang wadon

14,,"keblat papat"
   anak papat lanang wadon

15,,"sapasar"
   anak lima lanang wadon

16,,"ipil-ipil/ipilan"
   anak lima lanange siji

17,,"padangan"
   anak lima wadone siji

18,,"pandhawa nyandhangi"
   anak enem wadone siji paling ragil

19,,''kembar"
   anak loro lanang kabeh/wadon kabeh laire bareng

20,,"dhampit"
   anak loro lanang lan wadon laire bebarengan

21,,''gilir kacang''
   anak akeh laire giliran lanang wadon

22,,''lumpat kidang''
   anak akeh lanang wadon ora giliran

23,,"garendhel"
   
anak lanang pirang-pirang kang ragil wadon/utawa sewalike

24,,gendhong"
   anak lanang pirang-pirang kang tengah wadon

25,,''pathok"
   anak wadon pirang-pirang kang tengah lanang

26,,''sumarak''
   anak pirang-pirang sing lanang luwih akeh

27,,"anggana"
   anak akeh sing urip siji

28,,''cemani"
   bocah ireng mulus

29,,''wungle/bule''
   bocah putih mulus

30,,''gondhang kasih''
   anak loro seje kulite,siji ireng sijine putih

31,,''julung kembang"
   bucah laire bareng pletheke srengenge

32,,''julung sungsang''
   bocah laire wektu bedhug(jam 12)awan

33,,''julung sarab"
   bocah laire ngarepake surupe srengenge

34,,''jurung caplok"
   bocah laire mbarengi surupe srengenge

35,,''margana"
   bocah laire pinuju ibune ing lelungan

36,,''wuyungan"
   bocah laire pinuju ana perang(geger)

37,,''wahana"
   bocah lair pinuju ibune pasemuwan

38,,''jempina"
   bocah laire durung wektune(prematur)

39,,''yatim"
   bocah sing laire ora menangi bapakne

40,,''lola"
   bocah sing wis ora duwe wong tuwa lorone

41,,''lolabapak/biyung"
   bocah sing wis ora duwe wong tuwa loro merga mati

42,,sumala"
   bocah cacad wiwit lair

43,,''thok thing"
   bocah laire sirahe cilik

44,,''pambarep"
   anak sing nomer siji

45,,"panggulu"
   anak nomer loro

46,,"pandhadha"
   anak nomer telu

47,,"sumendhi"
   anak sing saurunge wuragil

48,,"wuragil/waruju"
   anak bontot/ragil/sing keri dhewe


CANDRANE PERANGANE AWAK

1,,alise nanggal sepisan

2,,astane nggendhewa gadhing

3,,athi-athine ngundhup turi

4,,bangkekane nawon kemit

5,,bathuke nyela cendhani

6,,bokonge manjang ilang

7,,cahyane sumunar

8,,drijine mucuk eri

9,,godhege simbar rumembun

10,,gulune angelung gadhung

11,,gulune ngolan-olan

12,,idepe tumenga tawang

13,,irunge ngundhup mlathi

14,,irunge kencana pinatar

15,,janggute nyangkal putung

16,,kempole ngembang pudhak

17,,kempole nyuthang walang

18,,lakune kaya macan luwe

19,,lambene nggula sathemlik

20,,lambene nyigar jambe

21,,lambene manggis karengat

22,,lambehane mblarak sempal

23,,lengene nggendhewa pinenthang

24,,mripate blalak-blalak

25,,mripate liyep lindri

26,,pakulitane ngulit langsep

27,,pamulune mbangke kairis

28,,pawakanane sedhet singset

29,,pipine nduren sajuring

30,,polatane ruruh jatmika

31,,praene ndamar kanginan

32,,pundhake njaru mas

33,,rambute ngandhan-andhan

34,,rambute ngembang bakung

35,,sinome micis wutah

36,,sinome mbibis mabur

37,,susune nyengkir gadhing

38,,swarane ngombak banyu

39,,ulate damar kanginan

40,,untune miji timun

41,,wentise mukang gangsir

Post a Comment

0 Comments