ARANE KEMBANG
kembang aren = dangu
kembang blimbing = maya
kembang blutru = montro
kembang cengkeh = polong
kembang cubung = torong
kembang dhadhap = celung
kembang duren = dlongop
kembang ganyong = puspanyindra
kembang garut = gremeng
kembang gedhang = tuntut,ontong
kembang gembili = seneng
kembang gori = angkup
kembang jagung = sinuwun,jeprak
kembang jambe = mayang
kembang jarak = juwis
kembang jengkol = kecuwis
kembang kacang = besengut,bundhel
kembang kanthil = gadhing
kembang kapas = kadi
kembang kara = kepek
kembang kecipir = cethethet
kembang kelor = limaran
kembang kemlandhingan = jedhihig
kembang kencur = sedhet
kembang kimpuk = pancal
kembang kluwih = onthel
kembang kopi = blanggreng
kembang krokot = naknik
kembang krambil = manggar
kembang lamtara = jedhidhing
kembang lombok = menik
kembang mlinjo = uceng,kroto
kembang nangka = babal
kembang nipah = dongong
kembang pandhan = pudhak
kembang pace = nyreweteh
kembang pete = pendul
kembang pohung = ingklik
kembang pring = krosak
kembang randhu = karuk
kembang salak = ketheker
kembang so/mlinjo = uceng,kroto
kembang suruh = drenges
kembang tales = pancal
kembang tebu = gleges
kembang tela = ingklik
kembang timun = montro
kembang widara putih = rejasa
ARANE WIT-WITAN
wit aren = ruyung
wit gedhang = debog
wit jagung = tebon
wit jambe = pucang
wit jati nom = jangglengan
wit kapuk = randhu
wit kolang kaling = aren
wit krambil = glugu
wit mlinjo = so
wit pari = damen
wit pohung = bonggol
wit pring nom = bung
wit pring tuwa = bungkilan
wit siwalan = tal
wit tebu = gleges
ARANE GODHONG
godhong aren = dliring
godhong asem = sinom
godhong cocor bebek = tiba urip
godhong dhadhap = tawa
gedhang garing = klaras
godhong gebang = kajang
godhong jambe = procot
godhong jarak = bledheg
godhong jarak kebo = lomah-lameh
godhong jati = jompong
godhong kacang brol = rending
godhong kacang lanjaran = lembayung
godhong kates = gampleng
godhong kecipir = cethethet
godhong kelor = limaran,sewu
godhong kemladheyan = kumuda
godhong kluwih/sukun = kleyang
godhong krambil nom = janur
godhong krambil tuwa = blarak
godhong lempuyang = lirih
godhong lombok = sabrang
godhong mlinjo = so
godhong pari = damen
godhong pring = elarmanyura
godhong randhu = baladewa,smarakandhi
godhong siwalan = lontar
godhong tales = lumbu
godhong tebu garing = rapak
godhong tela = jlegor
godhong turi = pethuk
godhong wuni = mojar
godhong bidara putih = trawas
ARANE PENTIL
pentil asem = cempaluk
pentil jagung = jantenan
pentil jambe = bleber
pentil jambu = karuk
pentil kacang = besengut
pentil krambil = blubuk,cengkir,degan
pentil manggis = blibar
pentil nangka = tewel,gori
pentil pelem = pencit
pentil randhu = plencing
pentil semangka = plonco
pentil so = kroto
pentil timun = serit
ARANE WOH-WOHAN
woh aren = kolang-kaling
woh bengkoang = besusu
woh gebang = krandhing
woh gembili = katak
woh jati = janggleng
woh kanthil = gendhek
woh kesambi = kecacil
woh kluwak = pocung
woh so = mlinjo
woh tal = siwalan
woh uwi = katak
ARANE ISI
isi asem = klungsu
isi kecipir = botor
isi duren = pongge
isi kluwih = bethem
isi nangka = beton
isi sawo = kecik
isi bendha = gundhu
isi pelem = pelok
isi kapas = wuku
isi randhu = klentheng
isi semangka = kwaci
isi salak = kenthos,geyol
isi mlinjo = klathak
isi jambe = jebug
isi tanjung = kecik
JENISE WIT-WITAN
gedhang = emas,ambon,byar,kluthuk,ijo,raja,susu,kepok lsp
jambu = klampok,kluthuk,bol,air,bangkok,darsana,krikil,mete lsp
jeruk = manis,kepok,bali,pacitan,pecel,purut
kelapa = gadhing,genjah,hibredhani,tahun lsp
pari = jero,gaga,ketan,cendhani,bengawan,raja lele lsp
pelem = gadhung,arum manis,golek,kweni,manalagi lsp
pring = ampel,cendhani,gadhing,wulung,petung
JENISE PALA
pala gumantung = woh-wohan kang gumandhul ana wit lan
umure nganti naun,
tuladha ; pelem,nangka,duren,dhondhong,jambu lsp
pala kependhem = woh wohan kang wohe kependhem
tuladha ; uwi,tales,gadhung,tela lsp
pala kirna/kitri = woh-wohan kang gumantung ing wit sing umure ora suwe
tuladha ; gedhang,lombok,tomat,terong lsp
palawija = tanduran ana ing sawah sakliyane pari,
nandure ora dilebi banyu uga bisa ditandur ing tegalan
tuladha ; jagung kedhele,kacang brol,
kacang ijo,wijen lsp
pala kesimpar = woh-wohan kang wite mrambat ana lemah lan wohe uga
gumlethak ning lemah
tuladha ; semangka,timun,waluh,krai,melon
0 Comments