ANAK KEWAN
anak ampal = embung
anak angrang = kroto
anak asu = kirik
anak ayam = kuthuk
anak ayam alas = bekisar
anak babi = gembluk
anak bandeng = nener
anak banteng = wareng
anak banyak = blengur
anak baya = rete
anak bebek = meri
anak bethik = menter
anak blanak = sandha
anak brati = tongki
anak budheng = kowe
anak bulus = ketul
anak cacing = lur
anak cecak = sawijah
anak celeng = genjik
anak coro = mendhet
anak dara = piyik
anak dhorang = tamper
anak emprit = indhil
anak gagak = engkak
anak gajah = bledug
anak gangsir = clondho
anak garangan = rase
anak gerangpung = drungkuk
anak gemak = drigul
anak glatik = cecrekan
anak gundik = laron,rayap
anak iwak saga/kutuk = beyong,kocolan
anak jangkrik = gendholo
anak jaran = belo
anak kadhal = tobil
anak kakap = capalak
anak kalajengking = ketupa
anak kancil = kenthi
anak kebo = gudel
anak kecapung = jenthit
anak kemangga = ceriwi
anak kepik = mreki
anak kidang = kemprong
anak kimar = kedah
anak kenjeng = senggutru
anak kenjing dom = undur-undur
anak kintel = kenthus
anak kethek = munyuk,keyung
anak kodhok = precil
anak kombang = engkuk
anak konang = endrak
anak kremi = recak
anak kucing = cemeng
anak kul/kenyong = krikik
anak kupu = uler
anak kura = laos
anak kuthuk = kotesan
anak kwangwung = gendhot
anak laler = set,singgat
anak lamuk = jenthik
anak lawa = kampret
anak lele = jabrisan
anak lemot = uget-uget
anak lintah = pacet
anak lingsang = beles
anak lodan = jengkelong
anak lutung = kenyung
anak luwak = kuwuk
anak luwing = gonggo
anak macan = gogor
anak manuk = piyik
anak menjangan = kompreng
anak menthok = minthi
anak merak = uncung
anak nyamblik = slira
anak pe = genyong
anak pleting = jaringan
anak sapi = pedhet
anak sembilan = lenger
anak singa = dibal
anak tambra = bokol
anak tawon = gana
anak tekek = celolo
anak tikus = cindhil
anak tongkol = cengkrik
anak tumo = kor
anak ulo = kisi, ucet
anak urang = grago
anak wader = sriwat
anak wagal = jendhil
anak walang = dhogol
anak warak = plenging
anak wedus = cempe
anak welut = udhet
anak yuyu = beyes
GAMANE KEWAN
gamane asu = kuku,siung
gamane ayam jago = jalu,cucuk
gamane gajah = tlale ,gading
gamane jaran = sikil
gamane kidang = sungu
gamane kebo = sungu
gamane kombang = entup
gamane kalajengking = entup
gamane kepiting,yuyu = supit
gamane kucing = kuku,siung
gamane tawon = entup
gamane tunggeng = entup
gamane tikus = kuku,untu
gamane lele = patil
gamane landhak = wulu eri
gamane clurut = gandha
gamane macan = kuku,siung
gamane rase = gandha
gamane ula = wisa,upas
gamane warak = cula
ARANE SWARA KEWAN
asu = njegug,mbaung
pitik babon = petok-petok
banyak = pating krengah
cecak = ngecek
dara = mbekur
gangsir = ngenthir
gajah = ngempret
gemak = melung
pitik jago = kluruk
jalak = ngoceh
jaran = mbengingeh,mbeker
jangkrik = ngerik
kebo = ngowek
kethek = mere
kidang = mbekiki
kodhok = ngorek
kombang = mbrengengeng
kucing = ngeong
kuthilang = ngoceh
kuthuk = kinyik-kinyik
kutut = manggung
macan = mbaung,nggero
menco/jalak = ngoceh
menjangan = mbekik
merak = nyengungong
sapi = mbengah
ula = ngakak
wedhus = ngembek
TINGKAH POLAHE KEWAN
asu = nyathek,nyander
baya = nyamber nyarap
pitik jago = nladhung
pitik babon = memeti,nladhung
bebek = nyosor,mbondoli
celeng = nggandhil,nyronggot
dara = kalangan
iwak = nylurut
jaran = nyepak,mbrakot
kidang = nggayor
kebo = nyundhang
kuthuk = milar
kucing = nyakar
lele = matil
manuk = nyamber
macan = nubruk
sapi = nyundhang,nyepak
tawon = ngentup
tikus = nacah,ngrikiti
ula = nyembur
wedus = mbijing,gembling
RUPANE/ULESE KEWAN
asu = belang,ireng,putih,kuning,kembang telon
dara = megan,klawu,gambir,ireng,tlampik,celap
jangkrik = jlitheng,jragem,jrabang
jaran = kembang duren,tutul,pancal panggung,rajeg,dhawuk
kucing = kembang telon,candra mawa,kembang asem
kebo = lamus,bule
macan = tutul,loreng
pitik babon = tulak,blorok,lurik sekul,gondhang,sangga-buwana
pitik jago = wiring galih,wido,klawu
sapi = plonthang
wedhus = ireng mulus,kendhit
ARAN MANGANE KEWAN
asu = nyokot
babi = nyosor
baya = nyosor
buta = mbadhog
celeng = nggogos
diyu = mbadhog
glatik = nyisil
kenari = nyisil
kebo = nyenggut,nggayemi
sapi = nyenggut,nggayemi
kethek = ngrokoti,ngemil
macan = nggaglak
manuk = nothol,nucuk
singa = mangsa
tikus = ngrikiti
ula = nguntal
wedhus = nyenggut,nggayemi
CARANE NGUNDANG KEWAN
asu = jih-jih
banyak = kati-kati
bebek = ri-ri-ri
dara = tu-tu-tu
jaran = ki-ki-ki
kebo = oek-oek
kucing = pus-pus
menthog = thi-thi-thi
pitik = kur-kur
sapi = meh-meh
wedhus = mi-mi-mi
2 Comments
mantap gan, infonya sangat lengkap dan sangat membantu buat para pemula ,, moga sukses selalu gan . amin
ReplyDeleteThank you very much Very Good Very useful
suwun suwun rawuhipun
Delete